Sore-sore budal sekolah, bocah loro yaiku Amr lan Anggi bali mlaku bareng. Ing tengah dalan, Anggi ngajak Amr nggarap tugas bahasa jawa bab tetanen tradisional, tugasipun nggih menika werna-werna ngrembakane pari saka tandur nganti tekan pepanen.
Anggi :" Mer tugas Bahasa Jawa arep nggarap kapan ? "
Amr :" Tugas opo?"
Anggi :" Alah, sek di wenehake bu Supri wingi awan"
Amr :" Oiyo, lali aku. Nggarape arep saiki opo kapan?"
Anggi :" Saiki wae, neng arep takon neng nggone sopo?"
Amr :" Pie nek neng nggone mbah Ahmad ?"
Anggi :" Yoiyo, saiki wae moro neng ngomahe."
Sak piturute ing ndalan, Anggi lan Amr mirancanaaken pitakon-pitakon kang badhe dipun tanletaken wonten mbah Ahmad.
Ing griyanipun mbah Ahmad
Amr :"kulanuwun mbah."
Mbh Ahmad:" Eh Anggi lan Amr. Ana apa mrene? ayo kene lenggah dhisik"
Anggi :" Mbah kula lan Amr badhe nyuwun pirsa kaliyan simbah"
Mbh Ahmad:" Arep takon apa Mer Nggi?"
Amr :" ngaten mbah, kula kadhawuhan Bu Guru supados nyuwun pirsa bab tetanen."
Mbh Ahmad:" Oalah banjur apa kang bakal kok takokkake?"
Anggi :" Sesebutan nandur pari saking di tandur dumugi panen napa mawon?"
Amr :" Nanging wontwn sekolah sampun dipunwucalaken dening Bu Guru apa iku ngilir, gumundha lemara lan mlecuti"
Anggi :" Lajeng sakniki kula lan Amr badhe tanglet meteng mapak, merkatak lan mlecuti"
Mbh Ahmad:" Meten mapak yaiku tanduran pari kira-kira umur wolong minggu. Merkatak yaiku tanduran pari kiro-kiro umur sepuluh minggu. Mlecuti yaiku limang dina sabubare merkatak.
Amr :" Lajeng meteng mapak merkatak lan mlecuti iku pantun di kapakken nggih?"
Mbh Ahmad:" Meteng mapak tekan merkatak pari dirumat nganti ati-ati lan mlecuti yaiku pari sampun siap dipanen ngangge arit utawa ani-ani"
Anggi :" Mekaten mbah mugi-mugi bermanfaat nganggi kita"
Amr :" Kula nyuwun pamit nggih mbah"
Mbh Ahmad:" Oh nggih ati-ati ing ndalan nggih"
Anggi lan Amr : " Nggih mbah"